Parikan iku unen unen
rong gatra. wanda
pungkasan pedhotaning
gatra kapisan kecape
padha karo wanda
pungkasan pedhotaning
gatra kang kapindho.
gatra kang kapisan
minangka purwaka,
dene karepe ana ing
gatra kapindho.
saben sagatra dipedhot
4 - 4; 4 - 8 utawa 8 - 8.
tuladha
a. parikan pedhotan 4 -
4
tawon madu ngisep
sekar, golek ilmu kudu
sabar.
ngasah arit nganti
landep, dadi murid kudu
sregep.
wedhang bubuk gula
jawa, ora mathuk
klewa klewa.
wajik klethik gula jawa,
luwih becik sing prasaja.
b. parikan pedhotan 4 -
8
kembang aren, sumebar
tepining kalen. Aja
dahwen, yen kowe
kepingin kajen
kembang kencur, ganda
sedhep sandhing sumur.
kudu jujur, yen kowe
kepingin luhur.
kembang mlati, gandha
arum warna peni. putra
putri, kudu gemi lan
nastiti
kembang cengkeh,
gandha sedhep warna
aneh. wong sing sumeh,
tartamtu mitrane akeh.
c. parikan pedothan 8 - 8
kutha sala ajeg rame,
sri wedhari neng
tengahe. aku gela
marga kowe, yen janji
arang nyatane
sega punar sega empal,
segane penganten
anyar. dadi murid aja
nakal kudu ulah ati
sabar.
jangan kacang jangan
kara, kaduk uyah
kurang gula. piwelingku
mring para mudha, aja
wedi ing rekasa.
mungguh kembang
mlati, ana kombang ana
tawon. aja wang wang
jaman iki, pembangunan
mesti klakon.
godhong adas
sambirata, iku jamu
mumpangati. aja lali
para kanca, sinau kang
setiti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar